Menika ingkang kaping sepindah, dalem badhe ngeblog mawi bahasa Jawi. Dalem ngeblog bahasa Jawi menika njih naming kangge panglibur raos tresna dalem dhateng kuto Ngayogyakarta. Saestu, sampun kalih taun langkung, dalem sampun mboten manggen wonten Yojo. Ananging sakderengipun dalem matur kathah, dalem naming badhe matur bilih bahasa Jawi dalem taksih dereng wiar. Mila mekaten, para sederek sumonggo kersa paring kritik ugi saran dumatheng tulisan dalem.
Njih, mangga dalem milai...
Wonten ing babagan bahasa Jawi, wonten kalih ingkang asring dados rura basa. Ingkang kaping sepindah kasebat "maringi". Ingkang kaping kalih kasebat "nyaosi". Sesebatan kekalih menika sejatosipun kagungan teges ingkang sami. Kekalih menika arupi predikat ingkang tegesipun menawi wonten ing bahasa Indonesia "memberi". Ananging ingkang ndadosaken mboten sami inggih menika subjek ingkang manggen sakderengipun predikat. Saksintenipun subjekipun, njih ugi mboten sami badhe ngagem sesebatan "maringi" utawi "nyaosi".
Sesebatan "maringi" sejatosipun kagungan pasangan subjek ingkang linuwih luhur, kadhosto Pak Lurah, Pak Walikota, tiyang sepuh, ugi sanesipun ingkang kagungan lelenggahan linuwih luhur. Menawi sesebatan "nyaosi" sejatosipun kagungan pasangan subjek ingkang sami utawi linuwih ashor dening kita piyambak, kadhosto dalem, rayinipun, lare alit, ugi sanesipun.
Mekaten sesabatan kekalih ingkang leres wonten ing pasanganipun:
-Pak Walikota maringi siti wiar kagem pesantren ingkang enggal. ---> leres
-Rayi kulo maringi buku. ---> lepat
-Lare alit kekalih meniko nyaosi jambu dhumateng ibunipun. ---> leres
Cekap mekaten atur cekak dalem, mugi-mugi sageta migunani dhumateng sinten kemawon ingkang badhe nguri-uri bahasa Jawi. Maturnuwun.
4 Comments
Yaelah pusing juga ya lama nggak berbahasa Jawa. Bisa dijewer bapakku ning kalau nggak mudeng. Tapi insya Allah paham kok mak heheheee
ReplyDeletehehehe..meski di rantau, bahasa Jawa tidak boleh dilupakan begitu aja ya mak:)
Deleteseratan basa jawi panci radi angel nggih mbak. sebab uninipun benten kaliyan seratanipun. kadosta "mangga" nanging kathah dipunserat "monggo".
ReplyDeletenjih mbak..panci mekaten menika kaendahanipun seseratan jawi. Maturnuwun njih mbak, sampun kersa pinarak:)
Delete